Wong Banyumas Olih Mudik Badahan, Tapi Ana Syarate, Kiye Diwaca!
PEMERINTAH wis ngetokna aturan larangan mudik sing berlaku molai tanggal 6-17 Mei tahun kiye. Tapi, karo pirang-pirang pertimbangan Kabupaten Banyumas ngolihna wargane nggo pada balik meng desane dewek alias mudik. Tapi, ana pirang syarat karo ketentuan sing kudu dipatuih.
Bupati Banyumas, Achmad Husein ngomong, angger ana wong Banyumas sing pan mudik, mengko ana rong ketentuan sing wajib dijalana. Pertama kudu njalani karantina ning GOR Satria Purwokerto disit. Apa ketentuan sing keloro, olih ora karantina, tapi kudu nggawa hasil tes rapid antigen apa hasil pemeriksaan GeNose sing nyatakna negatif. Pemeriksaan kuwe kudu dilakukna ning Banyumas nganggo duwite dewek.
“Dadine wong sing mudik, dipastikna wis bebas sekang Corona, soale ana hasil pemeriksaan sing nyatakna negatif apa wis njalani karantina ning GOR Satria karo dinyatakna sehat, nembe olih balik meng umah,” omonge Husein, dina Minggu (28/3).
Nggo kabeh ketua RT, ketua RW karo lurah, diintruksikna supaya njaga wilayaeh dewek-dewek karo ndeleng wong sing mudik pada teka. Anger ngerti ana wong mudik sing teka, mengko kudu gagiyan lapor karo langsung digawa nggo karantina ning GOR Satria Purwokerto.
“Dadi ketua RT, RW karo lurah, kudu ningkatna pengawasan selawase musim mudik badahan. Aja nganti kebobolan ana wong mudik sing ora njalani karantina disit karo ora njalani rapid tes antigen,” tegase.
Saliyane kuwe, Bupati juga aweh pesen ben kabeh lansia karo kormobid dipastikna wis ngolihna vaksin Covid-19 karo keluargane dijaluk nggo njaga karo ngawasi interaksine karo wong liya..
Nggo peraturan detail terkait aturan wong mudik mlebu meng wilayah Banyumas, jarene Husein, pan dibahas lewih lanjut ning rapat khusus dina Selasa (30/3) ngesuk.
“Ngesuk dina Selasa nembe dewek rapatna karo dinas karo instansi terkait nggo aturan pastine, tapi gambarane kaya kuwe, sing paling penting kuwe mastikna wong mudik ning kondisi sehat karo ora nggawa virus, dadine ora nongol maning klaster-klaster anyar sawise badahan mengko,” pungkase. (serayunews)

Belum ada Komentar untuk "Wong Banyumas Olih Mudik Badahan, Tapi Ana Syarate, Kiye Diwaca!"
Posting Komentar