Gara-Gara Rokok, Wong Cilacap Mbacok Sedulure Nganti Mati



NANG Desa Jepara Wetan, Kecamatan Binangun, Kabupaten Cilacap, Jawa Tengah wingi ana wong sing umure 50 ta dibacok nganti mati, dina Minggu 13 Juni 2021, sekitar jam siji awan.

Lurah Jepara Wetan Agus Hariyanto ngomong, ari korban karo pelaku kuwe esih seduluran. Soale korban sing asale sekang Desa Karangrena Maos manggon domisili perek karo umahe pelaku.


Kronologine

Jarene saksi-saksi sing weruh, korban dibacok gara-gara padu karo pelaku. Pelaku njaluk rokok tapi korban ora nanggepi.

Akhire pelaku ngantem gigire korban karo kampak sing deweke jukut sekang dapur.

Korban langsung nggletak klopot ding getih.

Pas kejadian kuwe ana saksi loro, malah saksi sing siji sempat misah pas pelaku wis mbacok nggon gigire korban. Tapi gara-gara saksi awake lewih dadine deweke ora sanggup nggo ngandegna pelaku.

Pas kejadiane pelaku mbacok telung nggon awake korban yakuwe gigir, gulu, karo pundak.

Sawise ndeleng kejadian kuwe, saksi langsung mburu maring perangkat desa Jepara terus nglaporna kejadian kuwe. Ora let suwe, akhire polisi langsung nyekel pelaku.

Dingerteni pelaku arane Wawan Rudiyanto (26) wong desa Jepara Wetan, Kecamatan Binangun.

Nganti berita kiye dimuat polisi ngomong ari pelaku nduweni gangguan jiwa. Tapi durung ngerti lewih rinci gangguan apa sing dialami pelaku.

Belum ada Komentar untuk "Gara-Gara Rokok, Wong Cilacap Mbacok Sedulure Nganti Mati"

Posting Komentar

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel